KLENGKENG
Woh
KLENGKENG kang kalebu golongan
Sapindaceae pranyata ngandhut kasiat kanggo tetamba. Woh klengkeng wujude
bunder
kanthi ukuran sak neker (kelereng), tuwuh kanthi ndhompol utawa
nggrombol ana ing gagang wohe. Rasane legi.
Kulite wernane
coklat rada kasar, lan perangan daginge putih bening meh padha karo rambutan
mung bedane woh klengkeng menawa dikonsumsi ana rasa wangine.
Wondene wijine (isi) werna ireng
kaperang dadi rong keping, lan kalapisan dening kulit wiji rupane ireng.
Kandhutan kang kasimpen jroning daginge yaiku karbohidrat, saponin lan sethithik lenga.
Woh klengkeng
bisa dikonsumsi
langsung, kajaba iku uga bisa didadekake minangka bahan minuman kaleng (canning). Wijine ngandhut saponin yaiku zat kang migunani minangka
shampo. Godhonge kanggo tamba “penyakit
dalam” awit anane zat quercetin.
Wondene kayune minangka kayu bakar utawa kagawe areng.
Taneman klengkeng
luwih cocok
katandur ing dhataran rendhah antaraning 200-600 meter dpl kang kalebu lemah teles kanthi syarat
mangsa katiga luwih
saka patang sasi. Banyu lemah antarane 50-200 cm, curah
udan udakara 1500-3000 mm per tahun kanthi 9-12 wulan mangsa teles lan 2-4
wulan kering. Sawetara iku taneman iku luwih apik tuwuh ana ing dataran tinggi
watawis 900-1000 m dpl.
Nengkarake taneman klengkeng bisa katindakake kanthi cara dicangkok lan
okulasi. Panengkaran lumantar wijine ora prayoga katindakake awit umur mawohe
luwih suwe (luwih saka pitung tahun). Kajaba
iku winihe uga asring tuwuh
minangka klengkeng lanang kang ora bisa mawoh.
Bibit okulasi/cangkokan wiwit mawoh umur
patang tahun. Carane mbudidayakke taneman klengkeng bisa katandur ana ing
luwangan kang dohe 8m x 10m utawa 10m x 10m kanthi jerone luwangan 60cm x 60cm
x 50cm. Saben luwangan kaparingan pupuk kandhang kang wis dadi akehe 20 kg.
Dene rabuk pabrikan akehe watawis 100-300g urea, 300-800g TSP (400-1000 kg
SP-36), lan 100-300g KCL saben taneman. Pupuk kawenehake kaping telu kanthi
wektu tenggang 3 wulan. Sawise panen anggone menehi pupuk cukup sepisan kanthi
takeran 300g urea, 800g TSP, lan 300g KCL saben wite.
Dene carane ngupakara kang paling
penting yaiku kanthi cara pemangkasan pang-pang sing ora produktif lan uga pang-pang sing nutupi kanopi. Kanthi mangkene
cahyane srengenge bisa lumebu ana ing perangan cabang kanthi rata. Kajaba kuwi
tuwuhan-tuwuhan parasit kayata benalu
(kemladhean) kudu cepet-cepet diilangi.
Taneman
klengkeng kalebu taneman kang gampang urip, nanging rada angel anggone mawoh.
Mula saka iku perlu kawigaten kang mirunggan kanggo ngupakara lan perlu anane stimulasi pembungaan kanthi cara naleni pang-pang kang dumunung
sakmeter saka lemah kanthi kenceng. Wite (batang)
diubeti mawa kawat waja watawis 2-3 ubetan. Biasane taneman iki lekas metu
kembange ing wulan Juli-Oktober, dene wohe mateng tuwa sawise limang wulan saka
wektu kembang.
Abstrak lain tentang Klengkeng